Selasa, 29 November 2016

contoh geguritan 3

Ibu

Ibu...
Awit nglairake awaku
Ra medulikake awake rasa lara 
Ra medulikake getih lan kringet sing metu
Pangorbananmu bener bener gede

Ibu... 
Sliramu sing sering aweh pangan 
Kanggo awaku lan kadang ra medulikake awakmu dewek
Sebab saking ngutamakake dening anakmu

Ibu...
Dalan uripmu penuh pangorbanan kanggo anakmu
Esuk,sore,awan.mbengi
Dilakoni melek sue kanggo mbatiri tangise anakmu
Ucapmu "anakku ibumu iki ora ngarepake balesan sing gede 
saking awakmu naging aku mung ngarepake awakmu iso sukses
Neng masa mengkone"

Ibu...
Ucapmu kuwi bakal tek tutake lan tak lakoni
Ngapunten dening luputku
Kalihan atur kula matur nuwun 
Kangge sliramu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar