“Merapi”
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi ...
Senajan angger koe ngamuk
Bisa gawe geger sakelilinge
Nanging kowe tetep dadi sumber utama
Ing warga sekelilinge
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Rupamu apik
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar