Selasa, 29 November 2016

contoh geguritan 1

Manungsa Bakal Mati

Nalikane aku esih neng kadutan
Weteng blending digawa lunga lunga 
Mlakune kaya ora duwe tenaga
Dela dela jagong neng risban

Tambah dina tambah  wulan
Wis wayaeh ngupati,yaiku patang wulan
Donganipun moga jabang bayi slamet waras

Pitung wulan aku di mitoni
Nyuwun dedonga marang Gusti Allah
Si jabang bayi slamet ing ndunya 

Sangang wulan kurang patang dina
Aku metu sekang kandutan 
Matur nuwun biyung, matur nuwun bapak
Aku dirawat sekang cilik ngasih gede sakmene 

Siki aku wis gede 
Aku ngerti aku bakal mati
Bakal mbalik marang gusti allah
Sing dibuntel bujur putih
Dikubur neng njero lemah

Ngadep kiblat lan ngambung lemah
Merga manungsa gawean sekang lemah 
Aku mung bisa emut marang rama biyungku
Aku mung bisa pangapura 
Marang rama lan biyungku 

Tresnaku,baktiku mung karo rika 
Rama Biyung ku
Matur nuwun kangge sekabeane 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar